Sabtu, 31 Agustus 2013

JAKA LAN ASU AJAG



JAKA LAN ASU AJAG
            Ing desa Sukamaju ana pangon jenenge Jaka. Saben dina Jaka nggawa wedhus-wedhuse menyang sawah. Kuwi penggaweane Jaka saben dina. Suwe-suwe Jaka ora betah yen dewekan wae.
Mula dheweke nggawe gara-gara. Jaka menek perengan sing dhuwur banget banjur bengak – bengok.
Jaka                            : “ Tulung …  tulung , ana asu ajag.Tulungana aku “ .
Penduduk desa padha mlayu teka.
Penduduk desa       : “ Ana apa Jaka ? “.
Jaka njawab karo ngguyu kemekel.
Jaka                            : “ Ha … ha …. Ora ana asu ajag. Kowe kabeh tak apusi”.
Penduduk desa padha nesu karo ninggalake Jaka sing ngguyu kemekel.
            Sesuk esuk Jaka mbaleni penggaweane maneh. Dheweke menek perengan sing luwih dhuwur banjur bengak – bengok.
Jaka                            : “ Tulung … tulung , ana asu ajag. Tulung …. ana asu ajag”.
Penduduk desa mlayu – mlayu marani Jaka.
Penduduk desa       : “ Ana apa Jaka…. ana apa ?”.
Jaka njawab karo ngguyu kemekel.
Jaka                            : “ Ha … ha…. Neng kene ora ana asu ajag. Kowe tak apusi.
                                       Ha … ha …. “.
Penduduk desa       : “ Jaka, yen sesuk kowe bengak – bengok njaluk tulung, aku 
                                     lan  kanca- kanca kabeh ora bakal nulungi kowe”.
Jaka ora ngreken wong – wong sing padha nesu amarga diapusi Jaka, dheweke
isih ngguyu kemekel.
              Wayah tengah wengi Jaka krungu ana swara ing kandhang wedhuse .
Jaka tangi, nginceng kandhang. Dheweke ndeleng ana asu ajag sing mangan
wedhuse. Jaka kaget lan wedhi banjur mbengok.
Jaka                            : “ Tulung …. tulungana aku. Wedhusku dipangan asu ajag.
                                       Tulung … tulung … ana asu ajag . tulung … tulung… “.
Jaka terus bengak – bengok, nanging ora ana wong sing nulungi Jaka.
Nganti parak esuk Jaka isih nangis amarga wedhuse entek dipangan asu ajag.
Penduduk desa kaget banjur takon marang Jaka .
Penduduk desa       : “ Ana apa Jaka ? Kowe kok nangis ?”
Jaka                            : “ Wedhusku entek dipangan asu ajag. Aku bengak – bengok 
                                     njaluk tulung, nanging kowe kabeh ora nulungi aku.”
Penduduk desa       : “Mulane Jaka, dadi wong aja seneng ngapusi, yen kaya ngene
                                        kowe dhewe sing rugi”.  
Bocah-bocah, ayo padha mrenea nyedhak kene, Bu Paula arep ndongeng
( Musik rancak ) JAKA LAN ASU AJAG
( Musik lembut )
Ing desa Sukamaju ana pangon jenenge Jaka. Saben dina Jaka nggawa wedhus-wedhuse menyang sawah. Kuwi penggaweane Jaka saben dina. Suwe-suwe Jaka ora betah yen dewekan wae.
Mula dheweke nggawe gara-gara. Jaka menek perengan sing dhuwur banget banjur bengak – bengok.
( Musik  rancak )
Jaka                            : “ Tulung …  tulung , ana asu ajag.Tulungana aku “ .
Penduduk desa padha mlayu teka.
Penduduk desa       : “ Ana apa Jaka ? “.
Jaka njawab karo ngguyu kemekel.
Jaka                            : “ Ha … ha …. Ora ana asu ajag. Kowe kabeh tak apusi”.
Penduduk desa padha nesu karo ninggalake Jaka sing ngguyu kemekel.
( Musik lembut )    
Sesuk esuk Jaka mbaleni penggaweane maneh. Dheweke menek perengan sing luwih dhuwur banjur bengak – bengok.
( Musik rancak )
Jaka                            : “ Tulung … tulung , ana asu ajag. Tulung …. ana asu ajag”.
Penduduk desa mlayu – mlayu marani Jaka.
Penduduk desa       : “ Ana apa Jaka…. ana apa ?”.
Jaka njawab karo ngguyu kemekel.
Jaka                            : “ Ha … ha…. Neng kene ora ana asu ajag. Kowe tak apusi.
                                       Ha … ha …. “.
Penduduk desa       : “ Jaka, yen sesuk kowe bengak – bengok njaluk tulung, aku 
                                     lan  kanca- kanca kabeh ora bakal nulungi kowe”.
Jaka ora ngreken wong – wong sing padha nesu amarga diapusi Jaka, dheweke
isih ngguyu kemekel.
( Musik lembut )
              Wayah tengah wengi Jaka krungu ana swara ing kandhang wedhuse .
Jaka tangi, nginceng kandhang. Dheweke ndeleng ana asu ajag sing mangan
wedhuse. Jaka kaget lan wedhi banjur mbengok.
Jaka                            : “ Tulung …. tulungana aku. Wedhusku dipangan asu ajag.
                                       Tulung … tulung … ana asu ajag . tulung … tulung… “.
Jaka terus bengak – bengok, nanging ora ana wong sing nulungi Jaka.
Nganti parak esuk Jaka isih nangis amarga wedhuse entek dipangan asu ajag.
Penduduk desa kaget banjur takon marang Jaka .
Penduduk desa       : “ Ana apa Jaka ? Kowe kok nangis ?”
Jaka                            : “ Wedhusku entek dipangan asu ajag. Aku bengak – bengok 
                                     njaluk tulung, nanging kowe kabeh ora nulungi aku.”
Penduduk desa       : “Mulane Jaka, dadi wong aja seneng ngapusi, yen kaya ngene
                                        kowe dhewe sing rugi”.  
( Musik lembut )

            Bocah- bocah, kuwi mau critane wong sing seneng ngapusi. Mula kowe kabeh ora pareng seneng ngapusi supaya dipercaya karo wong liya.
Ayo saiki padha enggal turu, amarga wis bengi.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar