JAKA LAN ASU
AJAG
Ing desa Sukamaju ana pangon jenenge
Jaka. Saben dina Jaka nggawa wedhus-wedhuse menyang sawah. Kuwi penggaweane
Jaka saben dina. Suwe-suwe Jaka ora betah yen dewekan wae.
Mula
dheweke nggawe gara-gara. Jaka menek perengan sing dhuwur banget banjur bengak
– bengok.
Jaka
: “ Tulung … tulung , ana asu ajag.Tulungana aku “ .
Penduduk
desa padha mlayu teka.
Penduduk
desa : “ Ana apa Jaka ? “.
Jaka
njawab karo ngguyu kemekel.
Jaka : “ Ha … ha …. Ora
ana asu ajag. Kowe kabeh tak apusi”.
Penduduk
desa padha nesu karo ninggalake Jaka sing ngguyu kemekel.
Sesuk esuk Jaka mbaleni penggaweane
maneh. Dheweke menek perengan sing luwih dhuwur banjur bengak – bengok.
Jaka : “ Tulung … tulung , ana asu ajag.
Tulung …. ana asu ajag”.
Penduduk desa mlayu – mlayu
marani Jaka.
Penduduk desa : “ Ana apa Jaka…. ana apa ?”.
Jaka njawab karo ngguyu
kemekel.
Jaka : “ Ha … ha…. Neng kene ora ana asu ajag.
Kowe tak apusi.
Ha … ha …. “.
Penduduk desa : “ Jaka, yen sesuk kowe bengak – bengok
njaluk tulung, aku
lan kanca- kanca kabeh ora bakal nulungi kowe”.
Jaka ora ngreken wong – wong
sing padha nesu amarga diapusi Jaka, dheweke
isih ngguyu kemekel.
Wayah tengah wengi Jaka krungu
ana swara ing kandhang wedhuse .
Jaka tangi, nginceng kandhang.
Dheweke ndeleng ana asu ajag sing mangan
wedhuse. Jaka kaget lan wedhi
banjur mbengok.
Jaka : “ Tulung …. tulungana aku. Wedhusku
dipangan asu ajag.
Tulung … tulung … ana asu ajag . tulung … tulung… “.
Jaka terus bengak – bengok,
nanging ora ana wong sing nulungi Jaka.
Nganti parak esuk Jaka isih
nangis amarga wedhuse entek dipangan asu ajag.
Penduduk desa kaget banjur
takon marang Jaka .
Penduduk desa : “ Ana apa Jaka ? Kowe kok nangis ?”
Jaka : “ Wedhusku entek dipangan asu ajag. Aku
bengak – bengok
njaluk
tulung, nanging kowe kabeh ora nulungi aku.”
Penduduk desa : “Mulane Jaka, dadi wong aja seneng
ngapusi, yen kaya ngene
kowe dhewe sing rugi”.
Bocah-bocah,
ayo padha mrenea nyedhak kene, Bu Paula arep ndongeng
( Musik rancak ) JAKA LAN ASU AJAG
( Musik lembut )
Ing desa Sukamaju ana pangon jenenge Jaka. Saben dina
Jaka nggawa wedhus-wedhuse menyang sawah. Kuwi penggaweane Jaka saben dina.
Suwe-suwe Jaka ora betah yen dewekan wae.
Mula
dheweke nggawe gara-gara. Jaka menek perengan sing dhuwur banget banjur bengak
– bengok.
( Musik rancak )
Jaka
: “ Tulung
… tulung , ana asu ajag.Tulungana aku “
.
Penduduk
desa padha mlayu teka.
Penduduk
desa : “ Ana apa Jaka ? “.
Jaka
njawab karo ngguyu kemekel.
Jaka : “ Ha … ha …. Ora
ana asu ajag. Kowe kabeh tak apusi”.
Penduduk
desa padha nesu karo ninggalake Jaka sing ngguyu kemekel.
( Musik lembut )
Sesuk esuk Jaka mbaleni penggaweane maneh. Dheweke
menek perengan sing luwih dhuwur banjur bengak – bengok.
( Musik rancak )
Jaka : “ Tulung … tulung , ana asu ajag.
Tulung …. ana asu ajag”.
Penduduk desa mlayu – mlayu
marani Jaka.
Penduduk desa : “ Ana apa Jaka…. ana apa ?”.
Jaka njawab karo ngguyu
kemekel.
Jaka : “ Ha … ha…. Neng kene ora ana asu ajag.
Kowe tak apusi.
Ha … ha …. “.
Penduduk desa : “ Jaka, yen sesuk kowe bengak – bengok
njaluk tulung, aku
lan kanca- kanca kabeh ora bakal nulungi kowe”.
Jaka ora ngreken wong – wong sing
padha nesu amarga diapusi Jaka, dheweke
isih ngguyu kemekel.
( Musik lembut )
Wayah tengah wengi Jaka krungu
ana swara ing kandhang wedhuse .
Jaka tangi, nginceng kandhang.
Dheweke ndeleng ana asu ajag sing mangan
wedhuse. Jaka kaget lan wedhi
banjur mbengok.
Jaka : “ Tulung …. tulungana aku. Wedhusku
dipangan asu ajag.
Tulung … tulung … ana asu ajag . tulung … tulung… “.
Jaka terus bengak – bengok,
nanging ora ana wong sing nulungi Jaka.
Nganti parak esuk Jaka isih
nangis amarga wedhuse entek dipangan asu ajag.
Penduduk desa kaget banjur
takon marang Jaka .
Penduduk desa : “ Ana apa Jaka ? Kowe kok nangis ?”
Jaka : “ Wedhusku entek dipangan asu ajag. Aku
bengak – bengok
njaluk
tulung, nanging kowe kabeh ora nulungi aku.”
Penduduk desa : “Mulane Jaka, dadi wong aja seneng
ngapusi, yen kaya ngene
kowe dhewe sing rugi”.
( Musik lembut )
Bocah- bocah, kuwi mau critane wong
sing seneng ngapusi. Mula kowe kabeh ora pareng seneng ngapusi supaya dipercaya
karo wong liya.
Ayo
saiki padha enggal turu, amarga wis bengi.